💝RENUNGAN menjelang Hari Ibu.

(Maaf dlm bahasa Jawa...biar lebih resep)
Uwong kang seneng ngapusi, Nanging jaminane suwarga, Yaiku "SIMBOK"






Saben wayah, saben ndino direwangi kerja ketekuk ringkel kanggo anak, awake sayah ora lumrah, Yen ngendiko, jare "Simbok wis biasa".

Yen olah-olah nyisihke lawuh kanggo anak,

Bareng anak mulih, Simbok ngendika Gek maem, kae ono lawuh wong simbok ora pati seneng iwak.

Yen lagi olah² mung sithik diajak maem anake, Simbok ngendiko, Wis gek maem Simbok ora luwe.

Yen anak lagi lara,  nganti tengah wengi simbok anggone nunggoni, Bareng anak nglilir, Simbok ngendiko, wis bobok maneh ben ndang sehat, Simbok durung ngantuk.

Yen anak wis rampung sekolah iso kerjo arep ngaturi duwit, Simbok ngendikan, Simpenen wae, kanggo celengan, Simbok isih nduwe duwit.
______
Simbok ngapusi lan nutupi lelakon uripe sing sakjatine.
______
Simbok, nganggep anake kaya Bocah cilik terus, katresnane marang anake ora lumrah tur ora tau luntur.

Simbok, Tansah nyumelangke kahanane anake, ora nggalih anake mau sumelang opo ora marang kahanane simboke.

Simbok, ora mikir sepiro sugihe anake.

Simbok, ngapusi mergo roso ikhlas, luhur bebudene lan pangorbanane

Duh Gusti Allah....., Mugi Paduka paring pangapunten dalem sedoyo kalepatanipun Simbok, Paduka tampi sedoyo amal kesaenanipun Simbok,

Mbok bilih mbenjang Paduka ngersa-aken sowan kondur dhateng ngarsa Paduka Dalem, mugi Paduka maringaken papan panggenan katentreman Suwargo Paduka. Amin.....
_____

Kagem ingkang tasih kagungan simbok...mangga sami manengku puja-puji syukur dhateng ngarsanipun  Allah kang maha murbeng gesang.

Kita bekteni kanthi iklas tulusing manah simbok kita.
Kita ladosi ingkang dados kabetahanipun.
Kita ugemi dhawuh2ipun.
Kita donga-aken mugi mugi tansah kasarasan, kabagyan, tansah kajiwo kasaliro dumateng panjenenganipun. Amin....

No comments:

Post a Comment